Jumat, 14 Januari 2011

Mantra Sakti Ajian Korupsi

Mantra Sakti Ajian Korupsi



Sun amathek ajiku ajian korupsi
Nedyo sugih bondo donya sarwo mbejaji
Ora geter teliksandi lawan cerengin jekso
Ora gigrik surak lain supataning sapepodo
Ora tedas tapak paluning hakim kang mbaurekso
Sluman slumun slamet
Ngupoyo lenaning kang andum kuwoso
Murih lancar nguras kas kayaning negoro
Hooooooooooh

Ajiku ajian korupsi
Mataku mata birokrat
Kupingku kuping tehnokrat
Lambeku lambe pejabat
Irungku irung pengamat
Dadaku dada malaikat
Sikilku sikil masyarakat
Wtengku weteng nikmat
Tanganku tangan konglomerat
Kebat kliwat mbeburu berkat
Tansah gangsar ndonya akherat
Hoooooooooooh

Ajian Korupsi satuhu rapalku
Jaran goyang esemku
Semar mendem caturku
Candramowo paningalku
Welut putih langkahku
Sedengah papan andhon laku
Adol guyu nyaring isu
Dalanku tansah lumintu
Sakabehi referensi dadi gamanku
Sakabehi bank dadi bankku
Hoooooooooooh

Ajiku ajian korupsi
Jimatku jimat korupsi
tamengku tameng kongsi
Payonku payon proteksi
Papanku papan lisensi
Seulurku koneksi sinorowedi
Citraku citra televisi
Ugemanku nunggal sawiji
Statusquo tansah lestari
Sun amatek ajianku ajian korupsi
Ajian sakti sang anak negeri
Sopasti senantiasa is the best nomor siji
Maka merdekalah aku sampai mati
Hoooooooooooooh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar